Iklan

Review Buku Kumpulan Cerita Anak Bahasa Jawa

Konten [Tampil]

 


www.mikromediateknologi.com - Mengenalkan anak-anak bahasa Jawa lewat cerita tentu saja akan menarik sekali.Selain itu anak juga bisa belajar bahasa daerah. Buku Kumpulan Cerita Anak Bahasa Jawa ditulis oleh para penulis hebat yang sangat peduli pada dunia anak-anak.

Kumpulan Cerita Anak Bahasa Jawa


Trowulan

Karya: Fithriyah
“San, iki bekele. Dientekno, yo,” ngendikane Ibu.
“Insyaallah, matur nuwun, Bu,” jawabku. Bungkusan kotak bekel karo botol ngombe iku taktrima terus taklebokno ranselku.
Pas wis beres kabeh, aku pamit nang Bapak lan Ibu.
“Ihsan, mulihe ojo kesorean, yo. Saben sore kan mesthi udan iki. Ati-ati nang dalan, ojo ngebut,” dhawuh Bapak.
***
Teko omah, aku nyusul Adi, terus budhal bareng nang Trowulan. Wis suwe aku pingin dolan mrono, tapi kaet saiki keturutan. Pas kebeneran Adi, konco
sakkelasku, pingin mrono pisan. Omahe Adi mek kacek telung omah teko omahku.
Trowulan iki petilasane Kerajaan Majapahit. Lokasine nang Kecamatan Trowulan, Kabupaten Mojokerto. Ora sepiro adoh teko omahku, palingan setengah jam wis nyampe nek nggawe sepedah. Aku mbek Adi mancal sepedah alon-alon nang pinggir dalan. Ngobrol disambi ndelok pemandangan nang dalan.
Dina Minggu iki aku mbek Adi pingin ndelok Museum Majapahit karo Patung Buddha Tidur. Dadi pas nyampe Trowulan jam sanga, kene langsung nang museum. Tuku tikete murah, soale jik pelajar, aku lan Adi kelas 5 SD. Mari dipriksa tikete, kene mlebu museum.

Dadi Pelajar Kudu Duweni Sifat Kaya Pari

Karya: Bobby Sidqillah
Preinan dina Minggu isuk iki ora kaya biasane. Yen biasane saben Minggu isuk aku pit-pitan karo kanca-kancaku, nanging dina iki aku dijak Bapak pit-pitan menyang sawah. Atiku seneng banget nalika Bapak dhawuh arep ngajak aku menyang sawah, wis suwe aku ora tau tumut Bapak neng sawah. Kelingan zaman dhisik nalika isih[ Ada.] cilik aku dijak Bapak lan Ibuk tandur pari neng sawah, aku ora bantu tandur, malah dolanan linet sakarepku dhewe, nganti sakujur awakku kebak linet, uga aku ora iso delok, amerga mataku kelurupan linet.
Wis ora sabar anggonku budhal menyang sawah, sepeda wis tak gagahi, banjur ngenteni Bapak ingkang taksih[ Ada.] pados pacul kangge macul neng sawah mengko, uga Ibu sing iseh bungkusi sekul kangge dhahar Bapak lan aku mengko neng sawah. Kagayuh pitku alon-alon tumuju wonten sawah, ngliwati galengan kang ora ombo butuhake tegenne anggone sepedahan. Sakiwa tengenku kabeh ya rupa sawah, katon ijo royo-royo dadekake aku kelingan syair tembang “Lir-ilir”, sing salah siji lirike ana[ Ada.] tembung tak ijo royo-royo.


Egrang Batok Gaweane Banu[ Egrang Batok Buatan Banu.]

Karya: Av
“Hore, egrangku wis dadi!” Banu mbengok saking bungahe nduweni egrang anyar gaweane dhewe. Wis suwe dheweke kepingin nduweni egrang batok, ananging seprono-seprene nembe kalakon nggawe, amarga Banu ora nduwe batok sik bentuke setengah lingkaran. Anane batok remuk ora keno digawe egrang.
Banu wis bola-bali matur karo ibune, yen masak nggunaake santen nyuwun tulung anggone mecah kambil kon sik ngati-ati, supaya batoke ora remuk. Ibu wis berusaha mecah kambil kanthi ngati-ati, ananging batoke mesti remuk amarga pas nyukil kambil angel banget. Banjur karo ibune, batoke digepuk nganti ajur.
Banu nesu karo ibu


Gendang Jimbe Bapak

Karya: Sri Adnin
Suara mesin pemotong kayu ini sudah lama tidak berbunyi karena dampak Covid-19. Namun, pagi ini suaranya terdengar lagi. Kayu yang masih gelondongan atau kayu batangan itu dipotong dengan berbagai ukuran, lalu disusun rapi di halaman. Tono terlihat mengangkat kayu yang ukuran paling kecil. Tono memang anak yang rajin. Ia bangun pagi setelah salat dan langsung membantu bapaknya.
Kredek gredek sing siiing.
Suara mesin bubut bapak Tono lama tidak berputar, tetapi pagi ini mulai terdengar lagi. Terlihat kayu berputar dan pisau yang diletakkan di atas tumpuan dipegang dengan kuat. Pekerja dengan terampil membentuk kayu itu menjadi bentuk gendang.


Kacange Gendhut

Karya: Ayomi Palupi I
Mau bengi Mbah Kakung video call, ndangu kapan olehku sowan menyang daleme Mbah Kakung.
“Faiz, Faqih, le cah bagus olehe sowan Mbah Kakung sesuk jam pira?” pandangune Mbah Kakung.
Mbah Kakung pirsa menawa saben dina Setu jadwalku sowan daleme Mbah Kakung Mbah Putri ing Gemolong.
“Benjang Mbah Kung sakbibare Ibu kondur saking kantor,” aturku marang Mbah Kakung.

Tugas Prakarya

Karya: Izza Aini Rosyidah
Halo, aku adalah Widia. Sekarang aku sudah kelas 5 SD. Aku mempunyai seorang adik bernama Tasya yang baru saja masuk sekolah kelas 1 SD. Ibu bilang, aku harus membantu Tasya belajar dari rumah karena Ibu berjualan di Pasar Kliwon. Hmm, sebenarnya aku lelah jika harus membantu Tasya, tetapi apa boleh buat. Aku juga tidak mau Ibu dan Ayah marah.
“Mbak Widia, dina kie Bu Gurune Dek Tasya nganakna Zoom jam tujuh esuk. Tulung Dek Tasya direwangi, nggih,” pinta Ibu.
“Nggih, Bu,” ucapku sambil menyalami tangan Ibu yang hendak pergi ke pasar.
“Tasya, cepetan ngeneh lah, wes arep mulai kie.” Aku mulai memanggil Tasya setelah Ibu pergi.


Kebyok

Karya: Cipluk Ayinnais
“Le, nek arep mapan turu ki kasure mbok yo dikebyoki, sek.” Mbah Sum ngandhani putune lanang, anak siji-sijine saka anak ragil-e Mbah Sum, aran Tumining. Tumining biasa diceluk Mbak Ning karo wong kampunge. Mbak Ning kerja ing Jakarta, uga bojone Mas Di, Saidi. Dadi pilihan siji-sijine yo kuwi nitipke anake marang simbahe, yaiku Mbah Sum.
“Nggih, Mbah,” semaure putune, Laron. Laron Saiki umur 7 taun. Pas ditinggal kerja ing Jakarta Laron umur 3 taun. Kawit cilik wes diopeni dening Mbah Sum karo Mbah Surip. Laron ki bocahe pinter, ora nate rewel.

Nilep
Karya: Puteri Ramadian
Siang itu, dari kejauhan tampak Adi yang baru saja pulang sekolah tengah berjalan santai menikmati bau rerumputan yang masih sedikit lembap akibat diguyur hujan semalam. Adi mengenakan seragam merah putih dan menggendong tas ransel abu-abu tua. Di tangan kanannya tampak sebungkus es teh dengan sedotan berwarna kuning. Ia sedikit gempal karena beratnya sekitar 48 untuk tinggi badan 132 sentimeter. Di tangan kirinya ia memegang plastik bening berisi tiga butir kelereng yang baru saja dibeli di depan sekolah.
“Adi, ayo bareng!” ajak Aziz, temannya satu kelas. Jarak yang harus ditempuh oleh mereka masih sekitar 4 kilometer. Untunglah rumah Aziz hanya berselang beberapa langkah dari rumah Adi.

Obag Delik’an

Karya: Tatik Mulyati
Dino Senin iku paling kramat kanggo poro siswi nek SD Manunggal, sebab kabeh murid kudu melu upacara bendera, tekone yo kudu rodok isuk timbangane dino liyane. Nek ketinggalan murid iku kudu ngadep neng guru BK (Bimbingan Konseling) lan bakal oleh sanksi. Mulakno poro murid paling wedi nek ketinggalan. Satya, Pram, lan Budi teko bebarengan meski arah lan omahe bedo. Bocah telu iku podo ngguyu lan saling nyopo.
“Tumben ora telat, Bud?” Pram ngece maring Budi seng biasane selalu sampek neng pintu  tepak pintu arep ditutup.

Perkutut kalawan Puter Anywara

Karya: Fitriya Indriyani
Mangsa rendheng. Ngrembuyuk lembaran ijo mawa gagang kanthi cagak lajering kayu katon rungkut. Sedhela-dhela sumunaring bagaskara ambiyak gegodhongan ing Wana Si. Pancen bala sing paling akeh ing wana iki, yaiku Peksi. Pramila akeh sing mastani wana iki Wana Si. Senajan cacahe ora akeh kaya Peksi, kewan-kewan liya uga ana, kayata sawer, sima, liman, kethek, lan sapiturute.
Nalikane srengenge wis dhuwur, sato kewan amiwiti dina. Miwiti anggone golek pangan lan anglekasi sesrawungan. Wana Si iki papan sing paling nentremake tumrape sato kewan. Wit-witan kang tuwuh bisa dadi panggonanane. Bab pangan uga ora prelu sumelang. Kejaba iku, tuk pambuwaling toya kang tan nate asat kepara ndadekake mulyaning sato kewan.

Sandhingkala

Karya: Dhianis Arifahmi, S.Pd.
Ketiga gumanti rendheng. Udan sawayah-wayah bisa nelesi plataran jembar iki. Plataran papane bocah-bocah padha ngumpul gojegan bebarengan. Ing mangsa ketiga, nalika awan utawa uga bengi padhang mbulan, plataran iki dadi papan kang tansah rame dening para bocah kang maragakake maneka warna jinis dolanan. Gobag sodor, sundhah mandhah, lompat tali, dhelikan, gatheng, sepak sekong, benthik, minangka dolanan kang biasa padha dilakoni. Dene ing wayah angin, plataran iki uga malik dadi sasana kanggo ngulukake layangan.
Rumangsaku, nalika wayah udan papan iki bakal sepi. Nanging, tekane mangsa rendheng iki, jebul ora ndadekake bocah-bocah iku wedi. Kepara, anane udan malah nambahi swasana tansaya gumyak. Kecehan, udan-udanan, plorodan ing lendhutan dadi kahanan kang lumrah ing saben dinane. Pokoke saweneh barang kang ana ing kono bisa dadi sarana kanggo dolanan bocah-bocah. Wong-wong tua umume mung ngawat-awati saka papan kang eyup. Sajak, merga rumangsa wis tua, mula ora wani melu udan-udanan kaya bocah-bocah iku.

Kumpulan Cerita Anak Bahasa Jawa


Bar salat, kene mangan nang pendopo. Pegel muter-muteri museum, luwe, trus mangan nang kene iki enak banget. Angine adem silir-silir, soale pendopo iki dikelilingi petilasan candi. Aku dibekeli Ibu sego rames. Lawuhe terik tempe, empal, srundeng, sambel goreng ati lan kentang, karo cah kangkung. Alhamdulillah, enak banget! Biasane aku lan Adi nek piknik ijol-ijolan bekel. Mergo jik pandemi, dadi kene mangan bekele dewe-dewe.
***
Preinan dina Minggu isuk iki ora kaya biasane. Yen biasane saben Minggu isuk aku pit-pitan karo kanca-kancaku, nanging dina iki aku dijak Bapak pit-pitan menyang sawah. Atiku seneng banget nalika Bapak dhawuh arep ngajak aku menyang sawah, wis suwe aku ora tau tumut Bapak neng sawah. Kelingan zaman dhisik nalika isih[] cilik aku dijak Bapak lan Ibuk tandur pari neng sawah, aku ora bantu tandur, malah dolanan linet sakarepku dhewe, nganti sakujur awakku kebak linet, uga aku ora iso delok, amerga mataku kelurupan linet.
Baca kisah seru lainnya di buku “Kumpulan Cerita Anak Bahasa Jawa”

Penulis :
Fithriyah  |   Bobby Sidqillah  |  Av   |  Dhianis Arifahmi, S.Pd.
Sri Adnin  |   Ayomi Palupi I    |       Izza Aini Rosyidah
Cipluk Ayinnais  | Puteri Ramadian | Tatik Mulyati  |   Fitriya Indriyani

 

Pemesanan buku bisa menghubungi WhatsApp penerbit di 0813-1083-2071.

 

 

Salam Mikro Media 

Subscribe Our Newsletter

Related Posts

Buka Komentar
Tutup Komentar

Posting Komentar

klan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel